Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Pengetan Hari TNI

Upacara Pengetan Hari TNI

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Korem 072 Pamungkas, nggelar upacara pengetan Hari TNI kaping 70, dhateng lapangan Pengasih, Kulonprogo . salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar Drama kolosal pertempuran Panglima Jendral Sudirman ngrebat Ngayogyakarta saking penjajah.

Kapilihipun Kulonprogo kangge nggelar pucak pengetan Hari TNI, awit Kulonprogo ngemot sejarah perjuwangan nalika ngrebat Ngayogyakarta saking penjajah. Isnpektur upacara Pengetan Hari TNI dinten Senen (5/10)enjing, dipun pandhegani dening Gubernur DIY, Sri Sultan HB X dene sasampunipun upacara, warga dipun ajak numpak kendaraan tempur tni, mubeng kitha wates.

Kangge ngregengaken pengetan Hari TNI samangke, Korem 072 Pamungkas nggelar kridha bakti sosial dhateng 5 kabupaten kota ing Diy sarta 5 Exs Karisidenan Kedu. Kridha ingkang dipun adani antawisipun usada lelahanan lan donor darah.

(Muhammad Sugeng)

 

Share this with friends

Comments are closed.