Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Merti Embung Tirto Agung

Merti Embung Tirto Agung

Sleman , www.jogjatv.tv – Warga Padukuhan Barepan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman, nggelar upacara adat Merti Embung Tirto Agung, dinten Setu (3/10) sonten. Lampahing upacara dipun regengaken kirab budaya lan pagelaran ringgit purwa sedalu natas.

Kirab bidhal saking pelataran Baledesa Margoagung, tumuju Embung Tirto Agung. Kirab dipun pucuki bregada prajurit sarta sawetawis kenya ingkang bekta kendhi isi toya saking tuk sumber Pusung. Sasampunipun dumugi embung, kendhi dipun pasrahaken dhateng sesepuh Padhukuhan Barepan, salajengipun dipun iseni toya saking embung Tirto Agung, minangka pangemba rancagipun ilining toya irigasi saking tuk sumber Pusung dhateng embung.

Miturut ketua panitia, Haryono, upacara adat Merti Embung Tirto Agung m engku ancas kangge njurung kesadaran masyarakat bab wigatinipun embung kangge tandhon toya irigasi. Upacara adat ingkang saweg sepisanan dipun tindakaken kasebat ugi minangka kupiya ngleluri budaya tilaran nenek moyang.

Pucaking upacara Merti Embung Tirto Agung, dipun regengaken pagelaran ringgit purwa sedalu natas, katindakaken dening dhalang Ki Rusmadi, mbabar lampahan Wahyu Makuto Rama, dipun regengaken pelawak Dalijo lan Sukir. Miturut mantan Bupati Sleman, Sri Purnomo , embung piguna kangge nandho toya irigasi. Awit saking punika kedah dipun upakawis kanthi sae supados murakabi tumrap masyarakat.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.