Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Pedagang Pasar Tradisional

Kirab Pedagang Pasar Tradisional

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ngangkat malih kuncaraning peken tradisional sarta kangge mahargya pengetan ambal warsa kaping 259 taun Kota Yogyakarta, Dinas Pengelolaan Pasar Kota Yogyakarta nggelar Kirab Pedagang Pasar Tradisional, dinten Minggu (5/10) sonten. Kirab dipun sengkuyung ewonan kadang bakul saking sawetawis peken tradisional tlatah Ngayogyakarta.

Kirab bidhal saking Peken Beringharjo, langkung Jalan Margo Mulyo, Titik Nol Kilometer, tumuju Plaza Ngasem. Pasarta kirab inggih ewonan kadang bakul saking sawetawis peken tradisional tlatah Kota Yogyakarta, antawisipun Peken Beringharjo, Peken Kota Gede, sarta Peken Tela, Karangkajen. Salebeting kirab dipun arak gunungan, maneka jinis dagangan sarta dipun regengaken maneka kridha seni.

Lampahing kirab pikantuk tanggapan gumathok saking masyarakat awit dados kalodhangan kangge nepangaken peken tradisional, ingkang dumunung ing Kota Yogyakarta. Sasampunipun dipun kirab, gunungan dipun rayah dening warga.

(Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.