Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari TNI Regeng

Pengetan Hari TNI Regeng

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Pengetan Hari TNI kaping pitungdasa taun, ing Kabupaten Gunungkidul, lumampah regeng. Maneka atraksi beladiri sarta pameran alutsista, dipun gelar dening Kodim nol tujuh-tiga nol Gunungkidul kangge suka panglipur dhateng masyarakat.

Salebeting pucak pengetan ambal warsa kaping 70 , Tentara Nasional Indonesia, Kodim 0730 Gunungkidul nggelar maneka kridha dhateng Alun – Alun Gunungkidul. Kajawi nindakaken upacara, warga kodim ugi nggelar atraksi olah senapan. Atraksi ingkang damel kesengsemipun masyarakat inggih aksi beladiri tanpa sanjata sarta mecah tumpukan balok es. Ing kalodhangan kasebat, kodim 0730 ugi nggelar pameran alutsista lan pasar murah. Salebeting pameran alutsista dipun pameraken maneka jinis sanjata, inggih senjata laras panjang, pistol sarta senjata perang sanesipun. Pameran kasebat dipun tanjakaken dening masyarakat sarta pelajar kangge foto.

Komandan Kodim 0730 Gunungkidul, Letkol Infantri Priyanto ngajab lumantar rerangken pengetan hari TNI samangke, TNI sageda saya rumaket kaliyan masyarakat.

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.