Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Musik Humor Kelompok Swara Ratan

Musik Humor Kelompok Swara Ratan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Sasampunipun sawetawis wekdal kendel, kelompok musik saking Ngayogyakarta, Kelompok Swara Ratan (KSR) nggebrak panggung musik humor Ngayogyakarta. Kelompok ingkang madeg rikala taun wolungdasanan kasebat, nggarap musik humor kangge nanggapi kawontenan masyarakat samangke lumantar kritik sosial aktual.

Kelompok Swara Ratan nggelar konser musik sesirah “Ngisin-Isin Balung Pisah” dhateng Taman Budaya Yogyakarta, Senin (5/6) kalawingi. Kanthi nggarap humor plesetan saking lagu sanes, para pamirsa ingkang racak saking kalangan wiranem tansah nyemak lan migatosaken saben lagu saking KSR.

Irah irahan “Ngisin-Isin Balung Pisah” inggih minangka kupiya warganing KSR supados mlempak lan bermusik malih. Pagelaran kasebat ugi minangka pisungsung dhateng Suryo lan Purnomo, kalih warganing KSR ingkang sampun tilar donya. Ciri mathi saking KSR inggih punika saben lagunipun kebak humor plesetan utawi dolanan, sarta ngemot kritik sosial.

Miturut Salah satunggaling pamirsa, Muhammad maruf, KSR saged ngrengkuh para wiranem lumantar musik humor.

Kanthi gumregahipun malih KSR kaajab saged ngajak wiranem tumut memetri lan ngrembakakaken kaskaya seni, mliginipun seni musik.

(Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.