Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Juru Warta Lan BKK Suka Bantuwan Toya Resik

Juru Warta Lan BKK Suka Bantuwan Toya Resik

Sragen, www.jogjatv.tv – Komunitas Wartawan Sragen sarta BKK Karangmalang, Sragen, Jawa Tengah, suka bantuwan toya resik dhateng warga Kecamatan Tangen, Jenar, Gesi lan Mondokan, ingkang ing mangsa ketiga samangke kekirangan toya resik dene droping toya kapantha dados sekawan rambahan awit warga ing 4 kecamatan kasebat, sampun 4 wulan kangelan pados toya resik.

Kangge nyekapi kabetahan toya resik, warga tumbas toya dhateng tangki swasta, ingkang reginipun antawis Rp 250.000,00 ngantos Rp 400.000,00, saben tangki. Warga rumaos kabiyantu awit wontenipun bantuwan toya saking Komunitas Wartawan Sragen lan BKK dene bantuwan toya ingkang dipun pasrahaken dhateng 4 kecamatan, cacahipun 12 tangki.

Miturut Ketua Komunitas Wartawan Sragen, Tri Rahayu, saderengipun suka bantuwan toya resik pehakipun nindakaken pemetaan wilayah, kangge nemtokaken wewengkon ingkang kekirangan toya resik. Mangsa ketiga samangke, saking 20 kecamatan ing Kabupaten Sragen, 7 ing antawisipun kekirangan toya resik. (Heru Kristiyanto )

Share this with friends

Comments are closed.