Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Anjlog

Regi Lombok Anjlog

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Panen raya inggih wekdal ingkang ngremenaken menggahing sanak kadang tani. Kosok wagsulipun ingkang dipun raosaken dening para lombok, ing Bulak Giripeni , Kecamatan Wates, Kulonprogo, ingkang samangke pisambat. Kawontenan kasebat, jalaran 4 dinten pungkasan regi lombok abrit kriting mandhap. Sakawit reginipun Rp 10.000,00, samangke mandhap dados Rp 5.000,00 saben kilonipun. Petani boten mangertos punapa ingkang njalari regi lombok anjlog, nanging gadhah pandugi awit samangke pasudiyan lombok kathah. Saking laladan ingkang wiyaripun 500 m persegi saged ngasilaken 1-2 kwintal lombok, saben sepisan panen. Ewa semanten, jalaran reginipun anjlog pramila asil panen samangke boten saged kangge nutup wragat tanem, ingkang gunggungipun nggayuh Rp 3 yuta ngantos Rp 5 yuta, kamangka para petani racakipun gahdhah sambutan dhateng Bank kepara nggadekaken sepeda motor kangge pawitan tanem.

(Muhammad Sugeng)

Share this with friends

Comments are closed.