Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkab Klaten Nedheng Ndandosi RTLH

Pemkab Klaten Nedheng Ndandosi RTLH

Klaten, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kabupaten Klaten, nedheng ndandosi Rumah Tak Layak Huni , dhateng saindhenging wewengkon.

Dipun panggihi ing sak sela-selaning masrahaken bantuan rehab Rumah Tak Layak Huni         ( RTLH) ing Dhusun Klampisan, Desa Kalangan , Kecamatan Pedan, Klaten, Jawa Tengah. Miturut Bupati Klaten Sunarno pemkab klaten kupiya ngestas warga ingkang griyanipun dereng murwat, lumantar program bantuan pembangunan rumah permanen atau semi permanen. Angkahipun taun punika, Pemkab Klaten saged dandosi ewonan RTLH dene menawi dereng rampung, badhe kalajengaken taun 2016. Awit saking punika, saben KK pananmpi bantuwan dipun sukani redana Rp 8 yuta , kangge mbangun griya.

Miturut camat Pedan , Ws Rahayu, ing Dhusun Klampisan wonten 12 KK panampi bantuwan RTLH. Pemerintah kecamatan ngantos samangke taksih nindakaken pendataan , tumrap   warga ingkang griyanipun kalebet RTLH. Salah satunggaling panampi bantuwan, Arisman rumaos remen nampi bantuwan kangge ndandosi griya, awit kawontenan griyanipun mrihatosaken, menawi jawah trocoh, pramila jogan dados jenes, kepara bebayani tumrap kawilujengan.

(Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.