Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pangangkah PBB Dereng Kasembadan

Pangangkah PBB Dereng Kasembadan

Sleman, www.jogjatv.tv Pelunasan Pembayaran Pajak Bumi Dan Bangunan ing Kabupaten Sleman, taun 2015 punika dereng kasembadan.

Miturut Kepala Bidang Penagihan, Dinas Pendapatan Daerah Kabupaten Sleman,Wahyu Wibowo, PBB taun 2015 kaangkah Rp70 , 5 miliar. Sinaosa makaten ngantos jatuh tempo tanggal (30/9) kapengker, ingkang dipun bayar nembe Rp 50, 4 miliar utawi 71 ,5 persen saking pangangkah. Awit saking punika, Dispenda Sleman badhe nagihi sarta denda wajib pajak, 2 persen saben wulan.

Arta setoran pajek saking masyarakat, saperangan dipun wangsulaken dhateng masarakat kangge pambangunan fisik ing daerah awit saking punika para wajib pajak ingkang dereng nglunasi kewajibanipun supados tumuli mbayar pajek amrih rancaging pambangunan.

(Subardi)

 

 

Share this with friends

Comments are closed.