Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Kementan Kupiya Nikelaken Prodhuksi Pantun

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa nemahi pepalang awit mangsa ketiga panjang, nanging awit patembayatan maneka pehak, samangke petani saged nyuda raos kuwatos gagal panen. Para petani tetep saged panen raya ing mangsa ketiga lan ngasilaken pantun ingkang saged kangge nyekapi kabetahan masyarakat. Ancaman puso ing mangsa ketiga samangke, njalari masyarakat kuwatos badhe mindhakipun regi bahan pangan, mliginipun uwos.... {...}

Continue Reading →

Job Market Fair 2015

Klaten www.jogjatv.tv–Kangge nyuda angka pengangguran, Pemerintah Kabupaten Klaten nggelar malih Job Market Fair, dhateng Gedung Sunan Pandanaran. Salebeting Job Fair sadanguning kalih dinten. Para pencari kerja, ngebaki papan gumelaring Job Market Fair, Miturut Kepala Dinsosnakertran Klaten, Sugeng Haryanto, Job Market Fair kaping 3 samangke, nyawisaken ewonan lowongan saking 50 perusahaan, inggih lokal Klaten punapadene ing... {...}

Continue Reading →

Bathik Ngregengaken Pekan Expo 2015

Purworejo, www.jogjatv.tv– Koleksi bathik saking maneka tlatah tumut ngregengaken Pekan Expo Purworejo 2015. Salah satunggalipun stand saking DEKRANASDA Purworejo, majang bathik ciri mathi Purworejo, antawisipun motif bathik Adi Purwo, gambar penari dolalak lan bedhug. Kejawi purworejo, koleksi bathik saking Pekalongan lan Kabupaten Banjarnegara, ugi dipun pajang salebeting pameran. Bathik Banjarnegara ingkang dipun pameraken antawisipun motif... {...}

Continue Reading →

Sasampunipun Idul Adha, Regi Rajakaya Popog Awis

Bantul, www.jogjatv.tv – Seminggu sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha, regi lembu lan menda taksih popog awis. Miturut pandugi, wontenipun pranatan ingkang matesi jatah impor daging lembu njalari regi rajakaya popog. Dinten selasa (29/9) legi samangke, inggih pekenan sepisanan, peken rajakaya imogiri sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha. Atusan blantik lan warga saking sawetawis wewengkon, ngebaki peken... {...}

Continue Reading →

Piodalan Pura Sasana Bakti

Klaten, www.jogjatv.tv – Umat hindu ing Desa Pasung, Kecamatan Wedi,Kabupaten Klaten nindakaken upacara Piodalan Pura Sasana Bakti.Wiwit sonten Umat Hindu mlempak dhateng pendhapi Pura Sasana Bakti, kanthi bekta sesaji wulu wedaling bumi, minangka wujud bakti dhumateng Ida Sang Hyang Widi Wasa. Ungeling kidung lan gentha ndayani swasana tidhem lan meneb salebeting upacara Puja Bakti ingkang... {...}

Continue Reading →

PD Bank Sleman Bikak Cabang Ing Godean

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa samangke perekonomian saweg lesu jalaran anjlogipun aos rupiyah, tumrap dolar amerika, Perusahaan Daerah Bank Sleman kepara tansaya ngrembaka. Inggih kanthi bikak kantor cabang dhateng Kecamatan Godean, ingkang dipunkepyakaken dinten senen (28/9) sonten. Kantor Perusahaan Daerah Bank Sleman Cabang Godean, dumunung ing Padhukuhan Geneng, Desa Sidoagung. Kecamatan Godean. Kepyakan kantor cabang dipun... {...}

Continue Reading →

Korem 072 Pamungkas Ngadani Donor Darah

Sleman, www.jogjatv.tv – Korem 072 Pamungkas Yogyakarta , ngadani kridha donor darah, dhateng salah satunggaling mall, dinten selasa (29/9) siyang. Donor darah dipun estreni dening puluhan garwa prajurit sarta atusan warganing TNI Angkatan Darat, Laut lan Udara. Ancasing kridha kangge ngregengaken pengetan Hari TNI ingkang kaping 70 sarta ambal warsa Kodam IV Diponegoro. Kridha kasebat... {...}

Continue Reading →

Dialog Jurnalistik

Gunungkidul, www.jogjatv.tv-Jagad Jurnalistik tetela narik kawigatosan.boten mokal menawi nalika dipun gelar Dialog Jurnalistik dhateng Bangsal Sewaka Praja Gunungkidul, kathah wiranem ingkang tumut dialog awit kepengin mangertosi jagading Jurnalistik lan Teknik Pemberitaan. Kanthi dipun fasilitasi dening Bidang Kesra Setda Gunungkidul, atusan pelajar tumut Dialog Jurnalistik, ingkang njlentrehaken bab ngelmi Dasar-Dasar Jurnalistik. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun... {...}

Continue Reading →

Solo Keroncong Festival 2015

Solo, www.jogjatv.tv -Sinaosa nemahi pepalang awit winatesipun redana, kridha tahunan Solo Keroncong Festival, wusananipun saged dipun gelar kanthi rancag. Sadanguning kalih dinten, pelataran Balaikota Surakarta regeng dening orkes keroncong saking sawetawis wewengkon, kanthi ciri mathinipun piyambak-piyambak. Kalih orkes keroncong saking negeri Jiran Malaysia ugi tumut ngregengaken festival kasebat, inggih punika Orkes Keroncong Arif Lukisan lan... {...}

Continue Reading →

PMI Kota Kangelan Nyekapi Redana Operasional

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Palang Merah Indonesia (PMI) cabang Kota Yogyakarta , dipun kuwatosaken kekirangan redana operasional. Kawontenan kasebat jalaran, angkahing Bulan Dana PMI taun 2015 dereng saged kasembadan. Saking pangangkah Rp 500 yuta, ngantos samangke redana ingkang kaimpun nembe Rp 150 yuta. Bab wau jalaran para pengusaha ing Kota Yogyakarta kirang migatosaken kawontenan keuangan PMI... {...}

Continue Reading →

Page 96 of 98