Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sasampunipun Idul Adha, Regi Rajakaya Popog Awis

Sasampunipun Idul Adha, Regi Rajakaya Popog Awis

Bantul, www.jogjatv.tv – Seminggu sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha, regi lembu lan menda taksih popog awis. Miturut pandugi, wontenipun pranatan ingkang matesi jatah impor daging lembu njalari regi rajakaya popog.

Dinten selasa (29/9) legi samangke, inggih pekenan sepisanan, peken rajakaya imogiri sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha. Atusan blantik lan warga saking sawetawis wewengkon, ngebaki peken ingkang bikak, saben pekenan legi kasebat. Boten kados nalika dungkap Idul Adha, samangke warga racakipun tumbas pedhet lan cempe, saperlu dipun ingah lan dipun sade malih dungkap Idul Adha taun ngajeng.

Miturut Petugas Peken Rajakaya Imogiri, Turadi, regi babonan lembu antawis Rp 12 yuta – Rp 14 yuta dene regi lembu jaler mandhap sekedhik. Kanthi pawadan mangsa ketiga kangelan pados pakan, para petani lan peternak milih nyade lembu diwasa lan tumbas cempe utawi pedet awit langkung bebatheni.

(Anang Zainuddin)

 

Share this with friends

Comments are closed.