Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Piodalan Pura Sasana Bakti

Piodalan Pura Sasana Bakti

Klaten, www.jogjatv.tv – Umat hindu ing Desa Pasung, Kecamatan Wedi,Kabupaten Klaten nindakaken upacara Piodalan Pura Sasana Bakti.Wiwit sonten Umat Hindu mlempak dhateng pendhapi Pura Sasana Bakti, kanthi bekta sesaji wulu wedaling bumi, minangka wujud bakti dhumateng Ida Sang Hyang Widi Wasa. Ungeling kidung lan gentha ndayani swasana tidhem lan meneb salebeting upacara Puja Bakti ingkang dipun pandegani dening Pinandita. rerangkening upacara piodalan kawiwitan Mecaru, Pradaksina, Persembahyangan lan ngedum Tirta Suci. salebeting pambagyanipun, Bimas Hindu Kementrian Agama Kabupaten Klaten, Suyamto mratelakaken, upacara piodalan pura, mengku ancas kangge nyuceni papan ibadah supados Umat Hindu saya caket kaliyan Gusti Ingkang Hakarya Jagat.

Umat Hindu kaajab njagi katentreman sarta nengenaken Tri Kerukunan beragama, supados cinipta kawontenan ingkang aman dungkap pilkada benjing. Sasampunipun upacara paripurna, para umat nampi tirta suci lan bija minangka pralambang karaharjan.

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.