Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pekan Expo, Sarana Nepangaken Produk Lokal

Pekan Expo, Sarana Nepangaken Produk Lokal

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pekan Expo rerangkening pengetan ambal warsa Kabupaten Purworejo dipun gelar malih. mapan ing Alun-Alun Purworejo. Pameran ingkang dipun sengkuyung dening puluhan stand punika, dipun kepyakaken dinten Selasa (29/9) siyang, sineksen Bupati Purworejo, Bupati Magelang, Kebumen, Wakil Bupati Kulonprogo, Forkominda sarta tamu sedahan. Bupati Purworejo ngajab, Pekan Expo sageda dados kalodhangan tumrap UMKM kangge sami tukar kawruh amrih kuncaraning usahanipun. Bupati Purworejo sarta Bupati Magelang kaampingi dening Forkominda kepareng nyemak stand-stand pameran, stand Umkm punapa dene kuliner.

Pekan Expo dipun gelar wiwit tanggal 29 september – 4 oktober 2015, kanthi nggelar maneka stand wiwit saking UMKM, BUMD, SKPD, pelaku ekonomi sarta kuliner mirunggan Purworejo. Pekan Expo ugi dados kalodhangan kangge nepangaken produk lokal Purworejo supados monjo, sarta kangge ngindakaken ekonomi lan transaksi ingkang bebatheni.

(Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.