Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Korem 072 Pamungkas Ngadani Donor Darah

Korem 072 Pamungkas Ngadani Donor Darah

Sleman, www.jogjatv.tv – Korem 072 Pamungkas Yogyakarta , ngadani kridha donor darah, dhateng salah satunggaling mall, dinten selasa (29/9) siyang.

Donor darah dipun estreni dening puluhan garwa prajurit sarta atusan warganing TNI Angkatan Darat, Laut lan Udara. Ancasing kridha kangge ngregengaken pengetan Hari TNI ingkang kaping 70 sarta ambal warsa Kodam IV Diponegoro. Kridha kasebat inggih wujud kamanunggalan TNI kaliyan masyarakat. Angkahipun salebeting kridha donor darah samangke, saged ngimpun 500 kantong darah lan badhe dipun sumbangaken dhateng PMI Kota Yogyakarta. Kajawi donor darah, Korem 072 Pamungkas ugi ngadani bazar sembako murah dhateng saben Kodim,   operasi sarta usada lelahanan tumrap panandhang   katarak lan gangguan kesehatan mata.

(HARI ATMAJA)

Share this with friends

Comments are closed.