Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Job Market Fair 2015

Job Market Fair 2015

Klaten www.jogjatv.tv–Kangge nyuda angka pengangguran, Pemerintah Kabupaten Klaten nggelar malih Job Market Fair, dhateng Gedung Sunan Pandanaran. Salebeting Job Fair sadanguning kalih dinten.
Para pencari kerja, ngebaki papan gumelaring Job Market Fair, Miturut Kepala Dinsosnakertran Klaten, Sugeng Haryanto, Job Market Fair kaping 3 samangke, nyawisaken ewonan lowongan saking 50 perusahaan, inggih lokal Klaten punapadene ing Eks Karisidenan Surakarta. Ancasipun nggelar Job Market Fair , kangge manggihaken para pencari kerja kaliyan perusahaan ingkang pados tenaga karya. Kanthi saya kathahipun serapan tenaga kerja, pramila badhe nyuda kathahing pengangguran.
Clara, salah satunggaling pencari kerja nelakaken saweg sepisan tumut Job Market Fair ing Klaten, sasampunipun lulus saking salah satunggaling pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta. Clara samangke saweg ningali maneka perusahaan, ingkang laras kaliyan pepenginanipun.
(Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.