Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kementan Kupiya Nikelaken Prodhuksi Pantun

Kementan Kupiya Nikelaken Prodhuksi Pantun

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa nemahi pepalang awit mangsa ketiga panjang, nanging awit patembayatan maneka pehak, samangke petani saged nyuda raos kuwatos gagal panen. Para petani tetep saged panen raya ing mangsa ketiga lan ngasilaken pantun ingkang saged kangge nyekapi kabetahan masyarakat.
Ancaman puso ing mangsa ketiga samangke, njalari masyarakat kuwatos badhe mindhakipun regi bahan pangan, mliginipun uwos. Nanging awit kupiya ingkang tumemen antawisipun pamarentah lan para petani, samangke ancaman puso saged dipun suda lan petani tetep saged panen raya. Direktur Pengelolaan dan Pemasaran Hasil Tanaman Pangan, Kementrian Pertanian, Tri Agustin Setiani, nalika panen raya pantun mangsa tanem kaping tiga ing bulak Mrisi, Tirtonirmolo Kasihan Bantul, dinten rebo siyang, mratelakaken, samangke dhateng saindenging Indonesia wonten 1,2 yuta hektar pasabinan ingkang ngancik wanci panen satemah bab punika saged kangge nduwa menawi mangsa ketiga samangke kathah petani ingkang gagal panen.

Sinaosa makaten, Tri Agustin ngajab dhateng para petani pantun ingkang gadhah jaringan toya irigasi rancag supados tumuli nanemi pasitenipun sasampunipun mangsa panen samangke. Nanging tumrap petani ingkang jaringan irigasi kirang rancag utawi boten wonten kaajab sabar sawetawis wekdal utawi nanem nanem palawija ingkang cepet panen, kadosta sayuran.

(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.