Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Solo Keroncong Festival 2015

Solo Keroncong Festival 2015

Solo, www.jogjatv.tv -Sinaosa nemahi pepalang awit winatesipun redana, kridha tahunan Solo Keroncong Festival, wusananipun saged dipun gelar kanthi rancag. Sadanguning kalih dinten, pelataran Balaikota Surakarta regeng dening orkes keroncong saking sawetawis wewengkon, kanthi ciri mathinipun piyambak-piyambak. Kalih orkes keroncong saking negeri Jiran Malaysia ugi tumut ngregengaken festival kasebat, inggih punika Orkes Keroncong Arif Lukisan lan Pelancongan Labuan.

Mbaka setunggal, orkes keroncong saking sawetawis wewengkon, nglipur pamirsa Solo Keroncong Festival. Orkes keroncong saking Polri, Kresna Jaya sarta orkes keroncong UPI Bandung damel kesengsemipun para pamirsa, ingkang ningali festival ngantos wanci dalu. Kresna jaya ngaturaken lagu lagu ngamanca, dene orkes kroncong Arif Lukisan Malaysia, ngaturaken lagu lagu Melayu.

Generasi Baru Keroncong Tugu Jakarta, inggih Orkes Keroncong Mardikers, ingkang warganipun para wiranem, manunggalaken musik keroncong kaliyan musik pop.

Festival samangke dipun regengaken bintang tamu, Johan Untung, ingkang ngaturaken lagu Juwita Malam, kairing orkes keroncong Swastika, saking Kitha Solo.

(Sazadi Abdilah)

Share this with friends

Comments are closed.