Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PMI Kota Kangelan Nyekapi Redana Operasional

PMI Kota Kangelan Nyekapi Redana Operasional

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Palang Merah Indonesia (PMI) cabang Kota Yogyakarta , dipun kuwatosaken kekirangan redana operasional. Kawontenan kasebat jalaran, angkahing Bulan Dana PMI taun 2015 dereng saged kasembadan. Saking pangangkah Rp 500 yuta, ngantos samangke redana ingkang kaimpun nembe Rp 150 yuta. Bab wau jalaran para pengusaha ing Kota Yogyakarta kirang migatosaken kawontenan keuangan PMI Kota ingkang mrihatosaken.

Penggalangan dana salebeting gala dinner tetela boten saged njurung gregeting para pengusaha kangge nyumbang redana. Kamangka redana ingkang kaimpun badhe dipun cakaken kangge wragat operasional PMI kalebet kangge ngepahi para relawan. Saben wulanipun, PMI Kota Yogyakarta, betahaken redana Rp 1 milyar kangge wragat operasional dene 1 ngantos 2 persenipun, kapendhet saking biaya pengolahan darah.

Taun kapengker, redana PMI ugi kirang. Saking pangangkah Rp 500 yuta, redana ingkang kaimpun namung Rp 350 yuta. Pangajabipun, taun punika redana ingkang kaimpun jumbuh kaliyan pangangkah, kanthi pisumbang saking pengusaha ing Kota Yogykarta awit redana ingkang cekap badhe ndayani ladosan ingkang tansaya sae tumrap masyarakat.

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.