Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

SISWA YAYASAN AMAL INSAN MULIA SHOLAT ISTISQA

Kulonprogo, DIY www.jogjatv.tv Kirang langkung 700 siswa Yayasan Amal Insan Mulia Kulonprogo, wiwit saking siswa PAUD, TK, SD lan SMP Islam Terpadu dinten Jemuah (16/10) enjing nindakaken Sholat Istisqa, ing Lapangan Pengasih/ Kulonprogo. Pangibadahan punika kangge nyuwun jawah, supados ketiga panjang tumuli purna lan kabut asap ing Sumatra lan Kalimantan tumuli sirna. Kridha punika dipun... {...}

Continue Reading →

REGI LOMBOK ANJLOG, PETANI KAPITUNAN

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Petani lombok ing Klaten Jawa Tengah kuwatos, jalaran samangke regi lombok anjlog. Awit saking punika, petani nandangkapitunan ngantos yutan rupiyah.Kawontenan kasebat jalaran regi lombok boten imbang kaliyan wragat tanem ingkang nggayuh Rp. 8 yuta saben pathok. Sewulan pungkasan regi lombok anjlog,sakawit Rp. 35.000 samangke mandhap dados Rp 4.000 saben kilo, saking... {...}

Continue Reading →

PENANGKAR PEKSI , KAAJAB TUMUT LOMBA PIALA WALIKOTA CUP

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Penangkar peksi oceh-ocehan ing Ngayogyakarta kaajab tumut mupu minangka peserta pemula salebeting Lomba Burung Berkicau Piala Walikota Cup, ingkang badhe dipun gelar dintenMinggu (18/10). Ancasipun kangge ngindakaken regi peksi oceh-ocehan ingkang samangke mandhap. Sinaosa regi peksi oceh-ocehan mandhap, nanging boten njalari penangkar peksi nglokro, kepara cacahipun tansaya kathah.Ing Kota Yogyakarta, cacahipun ngantos ewonan... {...}

Continue Reading →

400 KK WARGA GAYAMHARJO KEKIRANGAN TOYA RESIK

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Watawis 400 KK ing tigang padhukuhan tlatah Desa Gayamharjo, Kecamatan Prambanan, Sleman, ing mangsa ketiga samangke kekirangan toya resik. Kangge ngenteng-entengi sesangganing warga, Panitia Natal TNI Polri lan PNS Kabupaten Sleman, dinten Jemuwah (16/10) siyang suka bantuwan toya resik dhateng Padhukuhan Jali, Desa Gayamharjo, Prambanan. Bantuwan toya resik saking Panitia Natal TNI,... {...}

Continue Reading →

Tapa Bisu Mubeng Beteng

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Mahargya tumapaking warsa enggal Jawa 1949 Jimawal,ewonan warga lan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, malem Kemis (14/10) kalawingi nggelar lampah budaya kirab tapa bisu mubeng beteng.Kirab tapa mbisu punika dipun tindakaken kanthi mlampah ngubengi beteng Kraton Ngayogyakarta, tanpa ngendikan. Tapa mbisu utawi semadi sinambi mlampah punika, inggih lampah adat turun tumurun ingkang dipun... {...}

Continue Reading →

Regi Sata Anjlog

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Wakil Ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesa – APTI Kabupaten Sleman, Haryono,gadhah pandugi, anjlogipun regi sata ing mangsa panen samangke antawisipun awit wonten permainan dagang dening pabrik ses lan para bakul. Awit saking punika, APTI Sleman ngajab Pemkab Sleman tumut cawe-cawe salebeting perkawis punika, satemah regi sata saged mindhak malih. Miturut Wakil Ketua... {...}

Continue Reading →

Nggirah Kelambu Pasareyan Pangeran Samodra

Sragen, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Kathah upacara adat ingkang dipun tindakaken dening warga masyarakat kangge mahargya tumapaking warsa enggal Jawa 1949 Jimawal. Salah satunggalipun inggih upacara nggirah kelambu pasareyanipun Pangeran Samudra ing Gunung Kemukus, Sragen, Jawa Tengah. Atusan warga ningali lan ugi rebatan toya tilas kangge nggirah kelambu pasareyan punika. Supados saged pikantuk toya kasebat warga... {...}

Continue Reading →

Kirab Suran Kraton Surakarta

Solo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Mahargya tumapaking wulan Sura warsa enggal Jawa, Kraton Kasunanan Surakarta nggelar upacara kirab pusaka. Lampahing kirab ingkang langkung margi ageng sakupenging Kraton Surakarta punika narik kawigatosanipun warga. Kirab pusaka Kraton Kasunanan Surakarta dipun tindakaken malem Kemis (14/10) kalawingi, anut petangan penanggalan Jawa ingkang dipun ugemi ing Kraton Kasunanan Surakarta. Sinaosa boten... {...}

Continue Reading →

Kirab Kalih Pusaka Mahargya Sura

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Mahargya tumapaking wulan Sura warsa enggal Jawa 1949 Jimawal, Paguyuban Ngudi Utomo ing Desa Bogem, Kecamatan Bayat, Klaten, Jawa Tengah, malem Kemis (14/10) kalawingi ngarak kalih pusaka mubeng padhepokan kasebat. kejawi kridha ajeg ing saben taunipun, kirab pusaka sinartan donga punika kanthi pangajab supados panggesanganipun warga saged langkung raharja, lan ing... {...}

Continue Reading →

Kampanye Dolanan Tradisional

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Liburan warsa enggal 1 Muharam 1437 Hijriyah,dinten Rebo (14/10) kalawingi dipun tanjakaken dening masyarakat kangge nindakaken maneka kridha ingkang gumathok. Antawisipun kados ingkang dipun tindakaken dening siswa lan tiyang sepuh siswaSekolah Ar-Raihan Bantul.Liburan dados ajang kangge kampanye dolanan tradisional, kanthi mbekta maneka dolanan tradisional sinambi mlampah nurut margi ageng ing Bantul. Para... {...}

Continue Reading →

Page 91 of 98