Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Sata Anjlog

Regi Sata Anjlog

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Wakil Ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesa – APTI Kabupaten Sleman, Haryono,gadhah pandugi, anjlogipun regi sata ing mangsa panen samangke antawisipun awit wonten permainan dagang dening pabrik ses lan para bakul. Awit saking punika, APTI Sleman ngajab Pemkab Sleman tumut cawe-cawe salebeting perkawis punika, satemah regi sata saged mindhak malih.

Miturut Wakil Ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesia, APTI Kabupaten Sleman, Haryono,mutu ron sata asil panen samangke racak sae. Nanging regi panyadenipun anjlog, langkung mirah menawi katandhingaken regi sata ing mangsa panen taun kapengker. Menawi nalika panen ing mangsa ketiga taun kapengker regi sata asil panenipun para petani sata ing Sleman saged pajeng langkung saking Rp. 100.000 saben kilonipun,ing taun samangke namung pajeng antawis Rp. 60.000 – Rp. 70.000 saben kilo.Haryono nelakaken boten mangertos menapa ingkang njalari regi sata anjlog, nanging miturut panduginipun awit wontenipun permainan dagang dening pabrik ses lan ugi bakul. Awit saking punika, Haryono ngajab Pemkab Sleman tumuli cawe-cawe ngudhari ruwet renteng perkawis punika. Awit menawi regi panyadening sata mirah, petani badhe nandhang kapitunan.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.