Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nggirah Kelambu Pasareyan Pangeran Samodra

Nggirah Kelambu Pasareyan Pangeran Samodra

Sragen, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Kathah upacara adat ingkang dipun tindakaken dening warga masyarakat kangge mahargya tumapaking warsa enggal Jawa 1949 Jimawal. Salah satunggalipun inggih upacara nggirah kelambu pasareyanipun Pangeran Samudra ing Gunung Kemukus, Sragen, Jawa Tengah. Atusan warga ningali lan ugi rebatan toya tilas kangge nggirah kelambu pasareyan punika.

Supados saged pikantuk toya kasebat warga kepara sami dhesuk-dhesukan. Awit saking kathahing warga ingkang sami mbudidaya rebatan toya, kepara malah dados tontonan. Salah satunggaling pejiarah saking Grobogan, Sulasmi mratelakaken, sampun kaping enem punika jiarah dhateng pasareyanipun Pangeran Samodra ing Gunung Kemukus, lan saben taun tansah tumut rebatan toya tilas kangge nggirah kelambu pasareyan.

Isnadi, Kepala Dinas Pariwisata Sragen mratelakaken, kridha punika inggih kridha religi ingkang saben taun tansah dipun gelar dhateng pasareyanipun Pangeran Samodra ing Gunung Kemukus. Dene supados boten dados tumindak ingkang nalisir saking paugeran, lampahing upacara tansah dipun ampingi dening para pangarsa agama.

Heru Kristianto

Share this with friends

Comments are closed.