Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Suran Kraton Surakarta

Kirab Suran Kraton Surakarta

Solo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Mahargya tumapaking wulan Sura warsa enggal Jawa, Kraton Kasunanan Surakarta nggelar upacara kirab pusaka. Lampahing kirab ingkang langkung margi ageng sakupenging Kraton Surakarta punika narik kawigatosanipun warga.

Kirab pusaka Kraton Kasunanan Surakarta dipun tindakaken malem Kemis (14/10) kalawingi, anut petangan penanggalan Jawa ingkang dipun ugemi ing Kraton Kasunanan Surakarta. Sinaosa boten ing malem liburan, nanging lampahing kirab narik kawigatosanipun warga.

Lampahing kirab dipun pucuki dening sanga maesa bule Kyai Slamet klangenan dalem Kraton Surakarta. Kalajengaken sewelas pusaka Kraton Surakarta ingkang dipun bekta dening para abdi dalem kraton. Kirab kawiwitan wanci tengah dalu, langkung margi ageng sakupenging Kraton Surakarta. Sakiwa tengen margi ingkang kangge langkung kirab kebak dening warga ingkang ningali lan ugi warga ingkang tumut kirab. Dene rancaging lampah kirab, inggih gumantung saking rancagipun lampah mahesa bule Kyai Slamet ingkang mucuki lampahing kirab. Kirab sawetawis wekdal kepeksa kendel, jalaran mahesa Kyai Slamet kendel, antawisipun dhateng wewengkon Baturana.

Kirab lumampah watawis kalih setengah jam, lan watawis jam kalih enjing rombongan kirab dumugi Kraton Surakarta malih. Sasampunipun pusaka kakonduraken dhateng kraton, mahesa bule Kyai Slamet nuli dipun giring wangsul dhateng kandhang. Miturut salah satunggaling sentana Kraton Surakarta, Ginda Ferahtriawan, kirab samangke kalebet rancag lan tansah dipun antu-antu dening warga.

Tim Liputan

Share this with friends

Comments are closed.