Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Kalih Pusaka Mahargya Sura

Kirab Kalih Pusaka Mahargya Sura

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Mahargya tumapaking wulan Sura warsa enggal Jawa 1949 Jimawal, Paguyuban Ngudi Utomo ing Desa Bogem, Kecamatan Bayat, Klaten, Jawa Tengah, malem Kemis (14/10) kalawingi ngarak kalih pusaka mubeng padhepokan kasebat. kejawi kridha ajeg ing saben taunipun, kirab pusaka sinartan donga punika kanthi pangajab supados panggesanganipun warga saged langkung raharja, lan ing pilkada benjing sageda pinilih pangarsa ingkang resik, nggadhahi budi luhur sarta saged ngemong dhateng kawula.

kalih pusaka ingkang dipun kirab inggih punika Kyai Jangkung lan Kyai Kala Gumandhul. Kejawi pusaka ugi wonten tumpeng ingkang tumut dipun kirab mubeng Padhepokan Ngudi Utomo, ing Padhukuhan Prengguk Wetan, Desa Bogem, Kecamatan Bayat, Klaten. Kirab lumampah tumemen sinambi ngumandhangaken sholawat. Sumarno, salah satunggaling sesepuh Paguyuban Ngudi Utomo mratelakaken, kirab pusaka punika inggih kridha kangge mahargya tumapaking wulan Sura warsa enggal Jawa, ingkang saben taun tansah dipun tindakaken dening warga paguyuban. Kaajab tumapak wulan Sura samangke masyarakat Klaten badhe langkung sae, tentrem, raharja lan kebak kawilujengan.

Sumarno ugi mratelakaken, wonten ing pilkada serentak ingkang badhe dipun gelar sawetawis wulan malih, kaajab sageda pinilih bupati lan wakil bupati klaten ingkang resik, anggadhahi budi luhur sarta saged momong dhateng kawula. Dene lampahing pilkada ugi saged tertib lan aman.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.