Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kampanye Dolanan Tradisional

Kampanye Dolanan Tradisional

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Liburan warsa enggal 1 Muharam 1437 Hijriyah,dinten Rebo (14/10) kalawingi dipun tanjakaken dening masyarakat kangge nindakaken maneka kridha ingkang gumathok. Antawisipun kados ingkang dipun tindakaken dening siswa lan tiyang sepuh siswaSekolah Ar-Raihan Bantul.Liburan dados ajang kangge kampanye dolanan tradisional, kanthi mbekta maneka dolanan tradisional sinambi mlampah nurut margi ageng ing Bantul.

Para siswa sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun, wiwit saking Kelompok Belajar, Taman Kanak-Kanak, SD lan SMP Ar-Raihan Bantul, dinten Rebo (14/10) enjing nalika liburan warsa enggal Hijriyah, nggelar jalan santai langkung margi-margi mathis ing Bantul. Nanging boten namung jalan santai limrahipun, jalan santai samangke inggih ngiras kangge kampanye dolanan tradisional. Saben pasarta dipun kedahaken mbekta maneka dolanan tradisional, kadosta othok-othok, kitiran lan sanes sanesipun.

Ketua panitia kampanye dolanan tradisional Erli Utami mratelakaken, sengaja milih nalika liburan warsa enggal Hijriyah kangge kampanye dolanan tradisional. Kejawi minangka sarana napak tilas sejarah hijrahipun Kanjeng Nabi Muhammad saking Mekah dhateng Madinah, jalan santai punika ugi minangka sarana kampanye dhateng masyarakat, nepangaken malih maneka dolanan tradisional. Bab kasebat jalaran dolanan tradisional gadhah piguna inggih minangka sarana interaksi lan sosialisasi tumrap lare kaliyan masyarakat sakiwa tengenipun.

Sasampunipun kampanye, para siswa sekolah Ar-Raihan ugi mitontonaken maneka seni tradisional ingkang dipun gegulang dhateng sekolahan, kadosta maneka tari lan seni hadroh.

Anang Zainuddin

Share this with friends

Comments are closed.