Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal, Sat Pol PP Nindakaken Razia

Sleman, www.jogjatv.tv – Warganing Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Sleman, dinten Rebo (7/12) siyang nindakaken  razia spanduk lan baliho dhateng sawetawis papan mathis ing Sleman ingkang nerak pranatan lan mboten izin. Salebeting operasi kasebat, Satpol PP nyopot  spanduk ingkang dipun pasang dhateng sanginggil margi sarta baliho lan poster ingkang dipun pasang dhateng cagak listrik.... {...}

Continue Reading →

Upacara Miyos Gangsa Sekaten Kraton Ngayogyakarta

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kraton ngayogyakarta Hadiningrat, malem Selasa Kliwon (5/12) nindakaken Upacara Miyos Gangsa Sekaten, saking kedhaton  tumuju Masjid Gedhe Kauman. Upacara miyos gangsa miwiti lampahing pahargyan Sekaten taun samangke. Upacara  Miyos Gangsa inggih upacara mboyong miyosipun kalih  gangsa pusaka Kraton Ngaogyakarta, Kyai Guntur Madu lan Kyai Naga Wilaga dhateng Pagongan Masjid Gedhe Kauman.... {...}

Continue Reading →

Upacara Miyos Gangsa Kraton Surakarta Hadiningrat

Solo,www.jogjatv.tv – Pahargyan Sekaten rerangken Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW,  ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kawiwitan malem Selasa Kliwon, tanggal  5 Desember kalih ewu nembelas. Upacara Sekaten punika kapurwakan kanthi Upacara Miyos Gangsa Sekaten, Kyai  Guntur Madu lan Kiai Guntur Sari, kaboyong miyos saking Langen Katong dhateng Masjid Agung Kraton Surakarta ingkang tebihipun 500 meter... {...}

Continue Reading →

Taneman Lombok Katerak Pathek

Bantul, www.jogatv.tv — Kawontenan cuaca ingkang mboten gumathok mangaribawani dhateng sektor pertanian. Taneman lombok ing tlatah Palbapang, Bantul katerak pathek lan jamur batang. Tundhanipun lombok ingkang dipun panen mboten pajeng, kamangka samangke regi lombok awis. Kalih minggu pungkasan, taneman lombok gadhahanipun Marsudi ing tlatah Palbapang, Bantul, katerak pathek lan jamur batang. Lombok ingkang sampun abrit... {...}

Continue Reading →

Pameran Seni Rupa Taman Siswa

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Para perupa Taman Siswa, nggelar pameran seni lukis ing Gedung Dewan Perwakilan Daerah, Jalan Kusumanegara Yogyakarta. Salebeting pameran samangke dipun pameraken 25 lukisan wohing pakaryan sawetawis perupa, inggih para mahasiswa lan dosen UST. Lampahing pameran dipun kepyakaken dening Mantan Kasad, Jendral Purnawirawan Tyasno Sudarta. Miturut panitia, Tri Wahyudi, kejawi lukisan salebeting... {...}

Continue Reading →

Kepala SKPD Tanggel Jawab Netralitas PNS

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dungkap Pemilihan Walikota Yogyakarta, tanggal 15 Februari 2017, Pegawai Negeri Sipil (PNS) lan Kepala SKPD jajaran pemerintah kota dados punjer kawigatosan maneka pehak, antawisipun  saking Lembaga Pengawas Pegawai Inspekturat. Kepala SKPD  kaajab tanggel jawab menawi wonten PNS mbelani salah satunggaling pasangan calon Walikota Yogyakarta. Salebeting  Pilkada  Serentak   15 Februrari  2017, Kota... {...}

Continue Reading →

Enem Patung Ringgit Ngrenggani Taman Cerdas Jebres

Solo, www.jogjatv.tv – Kangge njangkepi sarana pasinaon tumrap lare, enem patung paraga ringgit dipun pasang ngrenggani Taman Cerdas Kalurahan Jebres, Surakarta, Jawa Tengah. Patung ringgit kanthi ukuran ageng punika inggih dados sarana kangge nambah wawasanipun lare ing babagan cariyos lampahan ringgit. Maneka pambudidaya tansah dipun tindakaken dening pengelola, amrih  sarana pasinaon ing Taman Cerdas Jebres... {...}

Continue Reading →

Senam Berbudaya  

Sleman, www.jogjatv.tv – Sedasa ewu warga saking maneka elemen masyarakat, dinten Minggu (4/12) enjing tumut Semam Berbudaya ingkang dipun gelar dening Dewan Pimpinan Wilayah Partai Nasdem DIY. Ancasipun kangge mengeti ambal warsa partai sarta kangge nggatra persatuan lan kesatuan warga amrih santosaning Pancasila, dhasar Nagari Indonesia. Senam berbudaya sesirah Kita Indonesia,dipun sebat senam bernuansa budaya... {...}

Continue Reading →

Lomba Pengetan Hari Ibu

Klaten, www.jogjatv.tv — Maneka kridha dipun gelar kangge mahargya pengetan Hari Ibu, dening warganing PKK ing tlatah Klaten, Jawa Tengah , antawisipun Lomba Koor Mars PKK, lagu dolanan, lomba wijik lan lomba masak. Kridha pengetan Hari Ibu ,dipun gelar ing Baledesa Karangduren, Kecamatan Kebonarum, Klaten, Jawa Tengah. Atusan ibu-ibu warganing PKK tumut maneka lomba ingkang... {...}

Continue Reading →

Kursi Goyang Rumambah Pasar Nasional

Bantul, www.jogjatv.tv – Kreatifitas inggih salah satunggaling bab wigati tumrap satunggaling usaha. Kadosta warga Sewon, Bantul ingkang sukses nekuni usaha damel kursi malas utawi kursi goyang. Muhammad Iqbal, Warga Pelemsewu, Panggungharjo, Sewon, Bantul , mboten nyana menawi usahanipun majeng kados samangke. Kawitanipun Iqbal Remen ningali TV, linggih dhateng kursi goyang. Salajengipun tuwuh gagasanipun damel kursi... {...}

Continue Reading →

Page 4 of 99