Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Seni Rupa Taman Siswa

Pameran Seni Rupa Taman Siswa

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Para perupa Taman Siswa, nggelar pameran seni lukis ing Gedung Dewan Perwakilan Daerah, Jalan Kusumanegara Yogyakarta. Salebeting pameran samangke dipun pameraken 25 lukisan wohing pakaryan sawetawis perupa, inggih para mahasiswa lan dosen UST. Lampahing pameran dipun kepyakaken dening Mantan Kasad, Jendral Purnawirawan Tyasno Sudarta. Miturut panitia, Tri Wahyudi, kejawi lukisan salebeting pameran samangke ugi dipun pameraken karya seni patung sarta dipun regengaken pagelaran Seni Tari Bali dening penari tuna rungu lan maos puisi. Pameran ingkang dipun gelar tigang dinten punika kangge ngregengaken Konggres Taman Siswa ingkang kaping 21.

Miturut Tyasno Sudarto, pameran seni rupa lan pagelaran seni wigati kangge nggatra persatuan lan kesatuan bangsa, lumantar kagunan seni lan budaya. Awit budaya dados beteng pungkasan sasampunipun politik lan ekonomi. Menawi budaya sirna,  NKRI  badhe musna. Awit saking punika wiranem kaajab greget  memetri kagunan seni budaya kaskaya bangsa amrih santosaning bangsa lan Nagari Indonesia. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.