Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taneman Lombok Katerak Pathek

Taneman Lombok Katerak Pathek

Bantul, www.jogatv.tv — Kawontenan cuaca ingkang mboten gumathok mangaribawani dhateng sektor pertanian. Taneman lombok ing tlatah Palbapang, Bantul katerak pathek lan jamur batang. Tundhanipun lombok ingkang dipun panen mboten pajeng, kamangka samangke regi lombok awis. Kalih minggu pungkasan, taneman lombok gadhahanipun Marsudi ing tlatah Palbapang, Bantul, katerak pathek lan jamur batang. Lombok ingkang sampun abrit dados  cemeng. Maneka kupiya dipun lampahi antawisipun kanthi dipun semprot lan  dipun rabuk nanging kasunyatanipun paneraking ama dereng mendha. Miturut panduginipun, paneraking pathek kasebat awit  anomali cuaca.

Samangke regi lombok awis. Lombok rawit abrit reginipun  sewidak ewu saben kilo. Emanipun bab kasebat mboten bebatheni tumrap petani lombok, mliginipun ing tlatah Palbapang, Bantul awit taneman lombok ing wewengkon prasasat katerak pathek lan jamur batang. Para petani samangke namung saged pasrah dhateng kawontenan lan ngajab supados para praktisi pertanian damel obat kangge mbrastha ama pathek. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.