Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Miyos Gangsa Kraton Surakarta Hadiningrat

Upacara Miyos Gangsa Kraton Surakarta Hadiningrat

Solo,www.jogjatv.tv – Pahargyan Sekaten rerangken Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW,  ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kawiwitan malem Selasa Kliwon, tanggal  5 Desember kalih ewu nembelas. Upacara Sekaten punika kapurwakan kanthi Upacara Miyos Gangsa Sekaten, Kyai  Guntur Madu lan Kiai Guntur Sari, kaboyong miyos saking Langen Katong dhateng Masjid Agung Kraton Surakarta ingkang tebihipun 500 meter  saking kedhaton.

Gangsa Kyai Guntur Sari dipun papanaken dhateng Bangsal Pradangga  Ler dene Kiai Guntur Madu dipun papanaken dhateng Bangsal Pradangga Kidul.

Kekalih gangsa pusaka dipun tabuh wiwit bakda Luhur, dinten Selasa tanggal 6 Desember 2016.

Salajengipun gangsa pusaka wau dipun tabuh sadanguning seminggu ngantos dungkap  Garebeg Maulud. Nabuh gangsa pusaka punika mengku wedi ngengetaken  manungsa supados  tanggel jawab lan tansah sesuci dhiri. Kanthi ungeling  Gendhing Rambu lan Gending Rangkung minangka pralambang donga pamuji lan sesuci. ( Heru Kristiyanto )

Share this with friends

Comments are closed.