Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepala SKPD Tanggel Jawab Netralitas PNS

Kepala SKPD Tanggel Jawab Netralitas PNS

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dungkap Pemilihan Walikota Yogyakarta, tanggal 15 Februari 2017, Pegawai Negeri Sipil (PNS) lan Kepala SKPD jajaran pemerintah kota dados punjer kawigatosan maneka pehak, antawisipun  saking Lembaga Pengawas Pegawai Inspekturat. Kepala SKPD  kaajab tanggel jawab menawi wonten PNS mbelani salah satunggaling pasangan calon Walikota Yogyakarta.

Salebeting  Pilkada  Serentak   15 Februrari  2017, Kota Yogyakarta kawawas dados salah satunggaling wewengkon ingkang rawan tindak  kecurangan. Bab wau awit kalih pasangan ingkang majeng inggih calon petahana pramila dipun kuwatosaken badhe mangaribawani tumrap pegawai sangandhapipun, inggih Kepala SKPD punapa pegawai mliginipun PNS.    Bab kasebat ingkang dados kawigatosan Lembaga Pengawas Kepegawaian  Inspekturat. Inspektur Kota Yogyakarta  Wahyu Widayat mratelakaken, ngantos samangke pehakipun dereng mrangguli  PNS ingkang nyengkuyung pasangan calon Walikota Yogyakarta Imam Priyono – Ahmad Fadli  nomor urut  1 punapa dene  Haryadi Suyuti – Heru Purwadi nomor urut 2.  Menawi ngantos wonten kedadosan pramila pehak ingkang kedah tanggel jawab inggih para Kepala SKPD awit sampun makaping-kaping dipun engeti bab netralitas PNS. Pehakipun badhe matrapi paukuman menawi wonten PNS ingkang nerak pranatan, inggih kanthi dipun emutaken kepara ngantos  mandhapipun  pangkat lan golongan pegawai.

Pehak inspekturat ugi nyuwun pambiyantu saking masyarakat supados menawi mangertosi PNS ingkang mboten netral utawi Kepala SKPD ingkang tumindak culika, tumuli dipun lapuraken dhateng Inspektorat Kota Yogyakarta  supados saged tumuli dipun tandhangi. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.