Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Enem Patung Ringgit Ngrenggani Taman Cerdas Jebres

Enem Patung Ringgit Ngrenggani Taman Cerdas Jebres

Solo, www.jogjatv.tv – Kangge njangkepi sarana pasinaon tumrap lare, enem patung paraga ringgit dipun pasang ngrenggani Taman Cerdas Kalurahan Jebres, Surakarta, Jawa Tengah. Patung ringgit kanthi ukuran ageng punika inggih dados sarana kangge nambah wawasanipun lare ing babagan cariyos lampahan ringgit.

Maneka pambudidaya tansah dipun tindakaken dening pengelola, amrih  sarana pasinaon ing Taman Cerdas Jebres tansaya jangkep. Samangke patung Prabu Kresna, Bima lan Gatotkaca saking Epos Mahabarata lan patung Prabu Rama, Shinta lan Anoman saking Epos Ramayana dados sarana pasinaon tumrap lare-lare bab ringgit.

Kejawi dados sarana kangge sinau, patung fiber ingkang inggilipun tigang meter punika kaajab saged narik krentegipun lare nanjakaken kalodhangan wekdal sinambi sinau dhateng sanjawining ruwangan. Mboten namung minangka sarana pasinaon kemawon, kathah wiranem lan tiyang sepuh ingkang nanjakaken patung punika kangge latar foto.

Saderengipun, ing Taman Cerdas Jebres sampun wonten kalih patung inggih punika patung Proklamator Bung Karno lan Bung Hatta minangka sarana kangge ngenget- enget Kamardikan Bangsa Indonesia. Wonten malih relief ingkang nggambaraken Bapak Pendidikan Indonesia – Ki Hajar Dewantara sarta piwucalipun dene ing perangan taman sanesipun, lare-lare saged sinau babagan pra sejarah awit wonten patung Dinosaurus ageng lan ugi manusia purba. Sedaya dipun papanaken dhateng papan ingkang mathis satemah saged dipun tanjakaken kangge sinau lan dolanan tumrap lare.

Taman Cerdas Jebres, inggih satunggaling taman mirunggan kangge lare ing Surakarta. Bab punika minagka kupiya mujudi Kota Solo Layak Anak. Kejawi punika, kangge narik krentegipun lare lan warga kangge sinau, pengelola njangkepi taman kanthi arena pertunjukan, perpustakaan, balai pertemuan lan jaringan internet lelahanan. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.