Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal, Sat Pol PP Nindakaken Razia

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal, Sat Pol PP Nindakaken Razia

Sleman, www.jogjatv.tv – Warganing Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Sleman, dinten Rebo (7/12) siyang nindakaken  razia spanduk lan baliho dhateng sawetawis papan mathis ing Sleman ingkang nerak pranatan lan mboten izin. Salebeting operasi kasebat, Satpol PP nyopot  spanduk ingkang dipun pasang dhateng sanginggil margi sarta baliho lan poster ingkang dipun pasang dhateng cagak listrik. Spanduk lan baliho kasebat lajeng dipun simpen dhateng gudang Sat Pol PP Sleman.

Miturut Kasatpol PP Sleman, Joko Supriyanto, razia spanduk lan baliho kasebat mengku ancas kangge  njejegaken pranatan lan mujudi wewengkon Sleman ingkang resik lan tumata nalika  natal lan warsa enggal benjing. Kejawi razia spanduk, samangke Sat Pol PP Sleman ugi nedheng nindakaken operasi anti tindak kemaksiatan amrih swasana kamtibmas ing Sleman  aman. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.