Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kursi Goyang Rumambah Pasar Nasional

Kursi Goyang Rumambah Pasar Nasional

Bantul, www.jogjatv.tv – Kreatifitas inggih salah satunggaling bab wigati tumrap satunggaling usaha. Kadosta warga Sewon, Bantul ingkang sukses nekuni usaha damel kursi malas utawi kursi goyang.

Muhammad Iqbal, Warga Pelemsewu, Panggungharjo, Sewon, Bantul , mboten nyana menawi usahanipun majeng kados samangke. Kawitanipun Iqbal Remen ningali TV, linggih dhateng kursi goyang. Salajengipun tuwuh gagasanipun damel kursi goyang ingkang  fleksibel lan pengkuh. Kursi damelanipun dipun sade dhateng saindhenging Indonesia lumantar online. Salebeting sewulan, Iqbal kedah ngintunaken 250 ngantos  300 kursi goyang dhateng saindenging wewengkon Indonesia.

Iqbal damel kursi goyang kanthi bahan baku waja lan spons satemah langkung fleksibel lan pengkuh. Kreatifitasipun dipun mangertosi dening kanca-kancanipun lajeng dipun unggah ing media sosial.

Regi  kursi goyang damelanipun iqbal kapetang murwat, antawis Rp.220.000,00  – Rp.280.000,00 gumantung bahan bakunipun. Kursi kasebat saged dipun tekuk pramila menawi mboten dipun angge saged dipun simpen. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.