Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab budaya garebeg semanggi

Kirab budaya garebeg semanggi

Solo, www.jogjatv.tv — Warga Kelurahan Semanggi, Surakarta, Jawa Tengah, nggelar kirab budaya Grebeg Semanggi. Ancasipun kangge mupuk guyub rukuning warga sarta kangge ndhudhah kagunan seni budaya ing Kalurahan Semanggi.

Ewonan warga saking 23 RW ing Kalurahan Semanggi tumut kirab budaya nempuh lampah 4 kilometer tumuju sangandhaping Kreteg Mojo. Lampahing kirab dipun regengaken maneka kridha seni, antawisipun pagelaran tari sarta sandiwara ingkang nggambaraken greget gotong royong, kanthi mikul kajeng ageng sumusul para ibu ingkang bekta dedhaharan.

Pucaking kridha dipun regengaken pentas seni lan budaya, dhateng panggung ing bantaran Bengawan Solo. Ancasipun, kangge ngengetaken warga dhateng sejarah Kampung Semanggi.

Kirab budaya ingkang sepisanan punika dados punjer kawigatosan warga, kepara warga sakiwa tengen Kitha  Surakarta.

Pangajabipun persatuan lan gotong royong warga Kalurahan Semanggi sageda santosa salaminipun. Awit kridha kasebat sakelangkung migunani pramila badhe dipun gelar kanthi ajeg setaun sepisan. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.