Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Pengetan Hari Ibu

Lomba Pengetan Hari Ibu

Klaten, www.jogjatv.tv — Maneka kridha dipun gelar kangge mahargya pengetan Hari Ibu, dening warganing PKK ing tlatah Klaten, Jawa Tengah , antawisipun Lomba Koor Mars PKK, lagu dolanan, lomba wijik lan lomba masak. Kridha pengetan Hari Ibu ,dipun gelar ing Baledesa Karangduren, Kecamatan Kebonarum, Klaten, Jawa Tengah. Atusan ibu-ibu warganing PKK tumut maneka lomba ingkang dipun gelar.  Miturut Ketua PKK Desa Karangduren, Niken Yuliani, lomba kados makaten saweg sepisanan dipun gelar, ancasipun kangge ndhudhah kreatifitas ibu-ibu ing sak sela-selaning ngayahi pakaryan padintenan.

Kepala Desa Karangduren, Muh  Marsum nyengkuyung gumelaring lomba lan kaajab dados sumber gagasan  kangge nggelar kridha sanes ingkang migunani tumrap para ibu rumah tangga. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.