Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Kirab budaya garebeg semanggi

Solo, www.jogjatv.tv — Warga Kelurahan Semanggi, Surakarta, Jawa Tengah, nggelar kirab budaya Grebeg Semanggi. Ancasipun kangge mupuk guyub rukuning warga sarta kangge ndhudhah kagunan seni budaya ing Kalurahan Semanggi. Ewonan warga saking 23 RW ing Kalurahan Semanggi tumut kirab budaya nempuh lampah 4 kilometer tumuju sangandhaping Kreteg Mojo. Lampahing kirab dipun regengaken maneka kridha seni,... {...}

Continue Reading →

Festival Srandhul

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinas Pariwisata Pemuda dan Olah Raga tembayatan kaliyan Dewan Kesenian Kabupaten Klaten nggelar Festival Srandhul taun 2016. Kridha punika ancasipun kangge memetri lan ngrembakakaken seni srandhul ingkang samangke saya langka. Ketua Dewan Kesenian Kabupaten Klaten, Setiawan mratelakaken, srandul inggih kagunan seni tradisional kadosdene sandiwara. Kesenian punika adhedhasar saking seni kerakyatan, kanthi lampahan... {...}

Continue Reading →

Batik On Street, Nepangaken Bathik Asli Kulonprogo

Kulonprogo, www.jogjatv.tv — Atusan pasarta inggih para perajin, wiranem lan pelajar tumut ngregengaken kridha Bathik On The Street ing Kecamatan Lendah, Kulonprogo. Kanthi nempuh lampah antawis kalih kilometer saking Baledesa Gulurejo tumuju dhateng Baledesa Ngentakrejo, para pasarta mitontonaken maneka wohing pakaryanipun kanthi kreasi ingkang nengsemaken. Kridha Bathik On Street punika kawiwitan kanthi lampahing para peragawati... {...}

Continue Reading →

Wayang Pulau Gambaran Wayang Pancasila

Sleman, www.jogjatv.tv – Limrahipun masyarakat mangertos bilih ringgit inggih satunggaling kagunan seni asal saking Pulo Jawa kanthi cariyos Epos Mahabarata utawi Ramayana nanging beda kaliyan ingkang dipun anggit dening Nanang Garuda. Nanang nganggit gatra ringgit enggal ingkang wujudipun memper pulo-pulo ing Indonesia wiwit saking Pulo Sumatra ngantos Papua. Wayang Pulau inggih satunggaling inovasi enggal saking... {...}

Continue Reading →

Kuota Pelatihan Dhateng Blk Dereng Nyekapi

Bantul, www.jogjatv.tv – Salah satunggaling  kupiya kange nyuda angka pengangguran inggih wontenipun pelatihan lumantar Balai Latihan Kerja (BLK). Ewa semanten ngantos samangke pelatihan ing BLK dereng tumanja jalaran winatesipun anggaran. Kepala Disnakertrans Bantul, Susanto mratelakaken dereng marem dhateng kupiyanipun BLK taun punika. Sinaosa sampun kasil ngadani pelatihan kangge 1.440 pasarta, kanthi ngecakaken anggaran DAK kabupaten... {...}

Continue Reading →

Kepyakan Kampung Umkm Digital

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge njurung pangrembakaning Usaha Mikro Kecil dan Menengah, UMKM ing Kabupaten Bantul, Dinas Perindagkop grengseng nindakaken pendampingan. Kejawi mbiyantu promosi lumantar  pameran konvensional, Disperindagkop samangke ngepyakaken  promosi berbasis on line. Kepyakan Kampung UMKM Digital dipun tindakaken dinten Rebo (30/11) siyang ing Pendhapi Parasamnya Pemkab Bantul. Kanthi memitran kaliyan Telkom, Pemkab Bantul kupiya... {...}

Continue Reading →

Buku Jurnal Ilmiah Tumrap Guru

Sleman, www.jogjatv.tv – 1.500 guru saking maneka tataran pendidikan  ing Sleman, dinten Rebo enjing ngestreni resepsi pengetan ambal warsa kaping 71 taun, Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) lan Hari Guru Nasional 2016, ing Gedung Serbaguna Sleman. Wonten ing kalodhangan kasebat, Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga (Disdikpora) Kabupaten Sleman ngepyakaken buku jurnal karya ilmiah anggitan sawetawis ... {...}

Continue Reading →

Atusan Berah Gendhong Nampi Bantuwan Paket Sembako

Yogyakarta, www.jogjjatv.tv – Atusan  berah gendhong Peken Beringharjo Ngayogyakarta, nampi bantuwan paket sembako dhateng Bangsal Wiyoto Projo Kompleks Kepatihan. Kridha kasebat inggih wujud kawigatosan saking bebadan ing wewengkon Pemda DIY kangge para berah gendhong, ngiras kangge mahargya tumapaking pengetan Hari Ibu . Paket sembako kanthi simbolis dipun pasrahaken dening Garwa Wakil Gubernur DIY, GKBRAy Paku... {...}

Continue Reading →

Apel Indonesia Bersatu

Solo, www.jogjatv.tv – Ewonan warga tumut Apel Indonesia Bersatu, ing kitha asalipun Presiden Republik Indonesia, Joko Widodo, Kitha Surakarta, Jawa Tengah. Apel samangke nedahaken santosaning persatuan lan kesatuan, Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI ) Apel ingkang dipun gelar ing Lapangan Kota Barat punika dipun regengaken pagelaran tari kolaborasi, tarian nusantara, sesirah Rampak Nusantara sarta dipun... {...}

Continue Reading →

Warga Karangmojo Manggihaken Menhir Umur Ewonan Taun

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Warga Desa Bejiharjo, Kecamatan Karangmojo, Gunungkidul, manggihaken menhir ageng ingkang panjangipun langkung saking sekawan meter, dhateng sasanalaya dhusun. Miturut pandugi, menhir kasebat umuripun sampun ewonan taun lan salajengipun badhe dipun titi priksa dening Balai Pelestarian Cagar Budaya. Parjio Warga Sokoliman, Desa Bejiharjo Kecamatan Karangmojo Gunungkidul ingkang manggihaken menhir dhateng  sasanalaya dhusun nalika... {...}

Continue Reading →

Page 5 of 99