Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Gladhen Pramugari VVIP

Bantul, www.jogjatv.tv – Sampun dados ayahanipun, Wanita Angkatan Udara (Wara) asring kajibah dados pramugari pesawat kepresidenan. Awit saking punika para prajurit wanita TNI AU kedah gadhah seserepan babagan kepramugarian, antawisipun ngladosi penumpang lan tanggap dhateng kawontenan darurat . 60 siswa Wara Skadron Pendidikan 105 Lanud Adisucipto Yogyakarta, dinten Rebo (21/12) siyang ndhateng ing Kampus Sekolah... {...}

Continue Reading →

Uji Kompetensi Tenaga Trampil Kapepalang Anggaran

Bantul, www.jogjatv.tv – Lampahing Masyarakat Ekonomi Asean dados kalodhangan mlebetipun tenaga karya ingkang trampil saking Asia kangge makarya dhateng nagari-nagari  Asean.,Makaten ugi tenaga karya saking Indonesia. Wontenipun sertifikat tenaga terampil, badhe gampilaken pados pakaryan dhateng ngamanca. Emanipun, cacahing tenaga terampil bersertifikat taksih winates. Miturut Kepala Dinas Tenaga Kerja dan Transmigrasi Bantul,Susanto,ngantos samangke pehakipun dereng saged... {...}

Continue Reading →

Siswa SD Ngimpun Rendana Kangge Korban Lindhu Ing Aceh

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Tumempuhing lindhu ageng ing Nangroe Aceh Darussalam dados kawigatosan maneka pehak. Minangka wujud kawigatosan awit tumempuhing musibah alam kasebat siswa  Sekolah Dasar Negeri Kajar  , Wonosari, Gunungkidul dedonga sesarengan lan ngimpun redana bantuwan. Saderengipun kridha pasinaon kawiwitan,  para siswa lan guru dedonga sesarengan dhateng pelataran sekolahan lajeng ngimpun redana saperlu dipun sumbangaken... {...}

Continue Reading →

Peken Baledono Dipun Rebahaken

Purworejo, www.jogjatv.tv – Sinaosa kathah jawah sawetawis minggu pungkasan nanging pambangunan Peken Baledono, Purworejo, Jawa Tengah dipun gelak.  Peken lami samangke dipun rebahaken amrih pambangunan peken saged tumuli kawiwitan. Dinten Jemuah (9/12) siyang, 3 alat berat katingal taksih bungkar wewangunan Peken Baledono.Satrep kaliyan ranataman sakawit, menawi wulan Desember wewangunan peken sampun rebah sedaya  salajengipun  ing... {...}

Continue Reading →

Kirab Budaya Mbah Karyo

Sleman, www.jogjatv.tv – Atusan warga Desa Sardonoharjo Ngaglik Sleman , mlempak dhateng dhusun Candi Dukuh kangge mengeti ambal warsa  kaping 68 taun Desa Sardonoharjo.  Pengetan ambal warsa samangke dipun regengaken kirab budaya sesirah Mbah Karyo. Saderengipun kirab, bregada saking 18 padhukuhan sa Desa Sardonoharjo dipun bidhalaken dening Bupati Sleman, Sri Purnomo, ing Dhusun Candi tilas ... {...}

Continue Reading →

13 KK Bidhal Transmigrasi

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinas Sosial Tenaga Kerja dan Transmigrasi (Dinsosnakertrans) Kabupaten Kulonprogo mbidhalaken 13 Kepala Keluarga (KK) kangge tumut transmigrasi dhateng Sumatra Selatan. Saderengipun bidhal  para calon transmigran dipun priksa kasaranipun. Tumrap pasarta ingkang nandhang sesakit tartamtu wurung dipun bidhalaken dene papan ingkang katuju inggih Musi Banyuasin , Lahat lan Ogan Kemoring Ilir, Sumatra Selatan..Salah... {...}

Continue Reading →

Peken Tradisional Kaliboto Kirang Murwat

Purworejo, www.jogjatv.tv – Sawetawis peken tradisional ing Kabupaten Purworejo,Jawa Tengah samangke kupiya dipun dandosi antawisipun Peken Kaliboto ing Kecamatan Bener lan Peken Maron ing Kecamatan Loano. Ancasipun supados peken langkung tumata. Pambangunan Peken   Kaliboto sampun rampung. Ewa semanten pambangunan Peken Kaliboto kawawas kirang murwat satemah njalari para bakul mboten jenjem. Miturut kadang bakul, Erna lan... {...}

Continue Reading →

Musrendbang  Disabilitas

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Disabilitas Internasional, Persatuan Penyandang Disabilitas (PPD) kulonprogo ngadani Musyawarah Rencana Pembangunan (Musrenbang) ing tataran dusun, desa lan kecamatan, ing Balai Desa Margosari, Kecamatan Pengasih, Kulonprogo. Wontenipun musrenbang kaajab  migunani tumrap panandhang disabilitas dhateng maneka sektor. Musrenbang ingkang dipun adani salebeting pengetan Hari Disabilitas dados kalodhangan  kangge nelakaken pemanggih lan... {...}

Continue Reading →

Gebyar Shalawat

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Mahargya Maulid Nabi Muhammad SAW, Kelompok Kerja Madrasah Raudhatul Athfal (KKMRA) Sa DIY, nggelar Gebyar  Shalawat ing  Gelanggang Olah Raga Amongrogo Ngayogyakarta. Kridha kasebat dipun estreni dening ewonan Siswa Raudhatul Athfal sa DIY. Gebyar Shalawat Rodhatul Athfal sa DIY kapantha miturut kabupaten. Saben kelompok, shalawatan sesarengan. Para siswa katingal greget mupu lomba... {...}

Continue Reading →

Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis

Bantul, www.jogjatv.tv – Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop mawas regi lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar. Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken, ngantos samangke regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun mindhak awis. Kawontenan... {...}

Continue Reading →

Page 3 of 99