Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gladhen Pramugari VVIP

Gladhen Pramugari VVIP

Bantul, www.jogjatv.tv – Sampun dados ayahanipun, Wanita Angkatan Udara (Wara) asring kajibah dados pramugari pesawat kepresidenan. Awit saking punika para prajurit wanita TNI AU kedah gadhah seserepan babagan kepramugarian, antawisipun ngladosi penumpang lan tanggap dhateng kawontenan darurat .

60 siswa Wara Skadron Pendidikan 105 Lanud Adisucipto Yogyakarta, dinten Rebo (21/12) siyang ndhateng ing Kampus Sekolah Tinggi Teknologi Kedirgantaraan (STTKD) Sewon, Bantul, sedinten tumut gladhen pramugari.  Ancasipun kangge nambah seserepan tumrap prajurit wanita  TNI AU ingkang asring kajibah dados pramugari pesawat VIP lan kepresidenan. Ketua STTKD, Udin Kurniadi mratelakaken gladhen samangke wujud  patembayatan STTKD kaliyan Skadik 105 dene materi  kepramugarian ingkang dipun jlentrehaken antawisipun tatacara check in pesawat, ngginakaken piranti keselamatan sarta gangguan dhateng pesawat. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.