Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Kemenhan Gandeng Pawiyatan Luhur

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kementrian Pertahanan tembayatan kaliyan pawiyatan luhur swasta ing wewengkon Diy kangge tumut cawe-cawe program bela negara. Kiprahipun pawiyatan luhur kawawas wigati kangge ngawekani tuwuhipun radikalisme lan terorisme ingkang ngancam Bangsa Indonesia. Rawuhipun Menteri Pertahanan, Ryamizard Ryakudu dhateng Ngayogyakarta, inggih minangka pembicara utama salebeting Rapat Koordinasi Perguruan Tinggi Swasta- PTS sa DIY. Dhateng... {...}

Continue Reading →

Pelatihan Wirausaha Tumrap ABK

Bantul, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke masyarakat taksih ngiwakaken Anak Berkebutuhan Khusus (ABK). Gesangipun ABK dipun anggep tansah gumantung dhateng asanes lan mboten saged mandiri.  Kamangka mboten sedaya ABK kedah kabiyantu sadangunipun gesangipun awit menawi dipun galdhi, saged mandiri kados masyarakat limrahipun. Kangge nggladhi supados  ABK , saged gesang mandiri ngiras kangge suka seserepan dhateng  masyarakat... {...}

Continue Reading →

Pameran Senirupa Ing Tengah Kampung

Bantul, www.jogjatv.tv – Pameran seni rupa limrahipun dipun gelar dhateng galery punapa dene gedung. Nanging sawetawis seniman ing tlatah Imogiri nanjakaken griya sepuh ing tengah kampong kangge mameraken  wohing pakaryanipun. Para seniman mratelakaken marem, wohing pakaryanipun saged dipun tingali dening masyarakat. Wiwit dinten Senen (16/1) sonten,  20 seniman saking Imogiri, Dlingo lan Jetis, Bantul warganing... {...}

Continue Reading →

Operasi Bibir Sumbing Lelahanan

Gunung Kidul, www.jogjatv.tv – Puluhan lare-lare, rumaja lan tiyang sepuh panandhang bibir sumbing, saking sawetawis kecamatan ing Gunungkidul ndhatengi RSUD Wonosari, kangge  tumut operasi lelahanan.Salah satunggaling panandhang bibir sumbing mratelakaken kabiyantu, kanthi wontenipun operasi lelahahan punika lan samangke inggih operasi ingkang kaping kalih.  Salebeting kridha bakti sosial, irah-irahan Senyum Gunungkidul punika wonten 21 panandhang bibir... {...}

Continue Reading →

Warganing Kodim Kembul Bujono

Magelang, www.jogjatv.tv — Kangge cecawisan pengamanan natal lan warsa enggal, atusan prajurit Komando District Militer (Kodim) 0705 Magelang, Jawa Tengah, ngadani pirembagan kanthi cara ingkang nyleneh. Inggih punika  ngadani tradisi kembul bujon dinten Rebo (21/12) enjing. Ancasipun kangge pirembagan dungkap pengamanan natal lan warsa enggal. Tradisi kembul bujono ingkang dipun tindakaken turun temurun ing Tanah... {...}

Continue Reading →

Tari bathik

Sleman, www.jogjatv.tv — Kangge nepangaken Padhukuhan Plalangan, Desa Pandowoharjo, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, minangka teleng bathik, sawetawis warga ngripta Tari Bathik. Tari garapan enggal irah-irahan Tari Bathik  dipun paragani dening penari wanita Warga Padhukuhan Plalangan, nalika pentas ing Baledesa Pandowoharjo. Tari kolosal punika nggambaraken  ayahanipun para ibu ing wewengkon kasebat, inggih punika mbathik. Miturut pembina,... {...}

Continue Reading →

Sarasehan Hari Ibu

Sleman, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Ibu kaping 88, Badan Keluarga Berencana Pemberdayaan Masyarakat dan Pemberdayaan Perempuan (BKBPMPP) Kabupaten Sleman ngadani sarasehan tumrap para wanita lan ekspos karya perempuan ing Gedung Serbaguna Sleman, dinten Rebo (21/12) siyang. Kridha kasebat dipun estreni dening para pengurus PKK Kabupaten Sleman sarta tokoh wanita utusan saking 17 kecamatan sa Kabupaten... {...}

Continue Reading →

Perajin Patung Rohani Sepen Welingan

Bantul, www.jogjatv.tv – Dungkap natal, sawetawis perajin patung rohani  pisambat awit sepenipun welingan. Miturut pandugi, lesunipun perekonomian nasional, njalari lesunipun panyadening patung rohani kristiani. Natal, inggih wekdal ingkang dipun antu-antu dening para perajin patung rohani ing Sumbermulyo, Babanglipuro Bantul. Awit saben dungkap natal, kathah welingan patung rohani saking sawetawis kitha nanging  dungkap  natal taun punika,... {...}

Continue Reading →

Mbangun Purworejo Nengenaken Aspirasi Masyarakat

Purworejo, www.jogjatv.tv — Pemkab Purworejo, Jawa Tengah, nggelar Forum Komunikasi Dengar Aspirasi Masyarakat sesirah Bedah Pariwisata Purworejo Untuk Menyongsong Visit Purworejo 2020, ing Pandhapi Rumah Dinas Bupati Purworejo, dinten Rebo (21/12) siyang. Wonten ing pambagyanipun Bupati Purworejo, Agus Bastian mratelakaken, forum kasebat dados kalodhangan mangertosi pepinginan masyarakat kangge mbangun Purworejo amrih mindhakipun karaharjan warga. Miturut... {...}

Continue Reading →

Kepyakan Buku Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Komunitas Peduli Pluralisme Yogyakarta, ngepyakaken buku sesirah Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas, ing  Hotel Ambarukmo, dinten Rebo (21/12) enjing. Buku ;punika dipun kepyakaken minangka wujud raos prihatos  awit Bangsa Indonesia dereng saged uwal saking perkawis sara, sarta wujud pangalembana dhumateng GKR Hemas minangka tepa palupi salebeting rekontruksi budaya pluralisme lan keragaman ing... {...}

Continue Reading →

Page 2 of 99