Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warganing Kodim Kembul Bujono

Warganing Kodim Kembul Bujono

Magelang, www.jogjatv.tv — Kangge cecawisan pengamanan natal lan warsa enggal, atusan prajurit Komando District Militer (Kodim) 0705 Magelang, Jawa Tengah, ngadani pirembagan kanthi cara ingkang nyleneh. Inggih punika  ngadani tradisi kembul bujon dinten Rebo (21/12) enjing. Ancasipun kangge pirembagan dungkap pengamanan natal lan warsa enggal. Tradisi kembul bujono ingkang dipun tindakaken turun temurun ing Tanah Jawa ugi dipun tindakaken dening komandan kodim kangge koordinasi lan supados rumaket kaliyan atusan prajurit ingkang tugas dhateng sawetawis kitha lan Kabupaten Magelang. Wonten ing kalodhangan kasebat Dandim 0705 Magelang, Letkol Inf Hendra Purnawasari ngajab supados para prajurit ngindakaken kawaspadan dungkap natal lan warsa enggal, sampun ngantos lena dhateng aksi terorisme lan bebaya sanesipun.

Tradisi kembul bujono kaajab njurung gregeting   prajurit nyipta kawontenan ingkang aman amrih pahargyan natal lan warsa enggal lumampah rancag. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.