Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tari bathik

Tari bathik

Sleman, www.jogjatv.tv — Kangge nepangaken Padhukuhan Plalangan, Desa Pandowoharjo, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, minangka teleng bathik, sawetawis warga ngripta Tari Bathik. Tari garapan enggal irah-irahan Tari Bathik  dipun paragani dening penari wanita Warga Padhukuhan Plalangan, nalika pentas ing Baledesa Pandowoharjo. Tari kolosal punika nggambaraken  ayahanipun para ibu ing wewengkon kasebat, inggih punika mbathik.

Miturut pembina, Aris Sutanto, tari kolosal sesirah mbathik punika gambaran pakaryanipun para ibu anggenipun nyanthing, mepe badhe bathik lan nyade wohing pakaryanipun. Miturut Aris, Tari Bathik asring dipun tanggap kangge ngregengaken maneka kridha dhateng sawetawis wewengon Sleman. Awit saking punika, garapan tari badhe dipun mekaraken amrih saya mranani tumrap pamirsa. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.