Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sarasehan Hari Ibu

Sarasehan Hari Ibu

Sleman, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Ibu kaping 88, Badan Keluarga Berencana Pemberdayaan Masyarakat dan Pemberdayaan Perempuan (BKBPMPP) Kabupaten Sleman ngadani sarasehan tumrap para wanita lan ekspos karya perempuan ing Gedung Serbaguna Sleman, dinten Rebo (21/12) siyang.

Kridha kasebat dipun estreni dening para pengurus PKK Kabupaten Sleman sarta tokoh wanita utusan saking 17 kecamatan sa Kabupaten Sleman.  Materi ingkang dipun andharaken inggih babagan Parenting Keluarga Harmonis, sarta Ketahanan Keluarga dan Masyarakat Dalam Upaya Mewujudkan Sleman Tanpa Kekerasan. Salebeting sarasehan ingkang ugi mengku ancas kangge njurung para wanita supados greget ambyur salebeting  maneka aspek kehidupan keluarga punika ugi dipun adani pameran  kerajinan wohing pakaryan para wanita ing Sleman. Ancasipun  kangge njurung  para wanita supados greget makarya kangge nyekapi kabetahan kulawarga.

Wonten ing pambagyanpun Wakil Bupati Sleman, Sri Muslimatun, mratelakaken,  salebeting  keluarga lan masyarakat, para wanita ugi kedah tumut cawe-cawe ngewahi maneka bab.

Wonten ing kalodhangan kasebat, Sri Muslimatun ugi kepareng masrahaken bebana dhateng para juara Lomba Kecamatan Layak Anak sarta juara Sekolah Ramah Anak Tingkat Kabupaten Sleman taun 2016.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.