Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Senirupa Ing Tengah Kampung

Pameran Senirupa Ing Tengah Kampung

Bantul, www.jogjatv.tv – Pameran seni rupa limrahipun dipun gelar dhateng galery punapa dene gedung. Nanging sawetawis seniman ing tlatah Imogiri nanjakaken griya sepuh ing tengah kampong kangge mameraken  wohing pakaryanipun. Para seniman mratelakaken marem, wohing pakaryanipun saged dipun tingali dening masyarakat.

Wiwit dinten Senen (16/1) sonten,  20 seniman saking Imogiri, Dlingo lan Jetis, Bantul warganing Kelompok Sidji nggelar pameran seni rupa. Gumelaring pameran memper kados pameran limrahipun nanging  papanipun dede dhateng gedung punapa dene galery seni nanging dhateng satunggaling  griya limasan gadhahan Warga Minggiran Imogiri, ingkang dipun tanjakaken dados galery dadakan sadangunipun seminggu.

Miturut salah satunggaling seniman, Sepa Harsono sengaja nggelar pameran ing tengah kampung supados  masyarakat saged ningali wohing pakaryan  seniman seni rupa ing sakiwa tengen Imogiri. Tumrap para sutresna seni rupa ingkang badhe ningali pameran saged ngakses  lumantar katalog digital ingkang dipun cawisaken dening Paguyuban Sidji. Miturut rantaman pameran badhe dipun gelar ngantos tanggal 20 Januari 2017. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.