Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa SD Ngimpun Rendana Kangge Korban Lindhu Ing Aceh

Siswa SD Ngimpun Rendana Kangge Korban Lindhu Ing Aceh

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Tumempuhing lindhu ageng ing Nangroe Aceh Darussalam dados kawigatosan maneka pehak. Minangka wujud kawigatosan awit tumempuhing musibah alam kasebat siswa  Sekolah Dasar Negeri Kajar  , Wonosari, Gunungkidul dedonga sesarengan lan ngimpun redana bantuwan. Saderengipun kridha pasinaon kawiwitan,  para siswa lan guru dedonga sesarengan dhateng pelataran sekolahan lajeng ngimpun redana saperlu dipun sumbangaken dhateng korban musibah alam.  Miturut salah satunggaling guru, Sumarjo, para siswa dipun ajak dedongan sesarengan  minangka wujud kawigatosan awit tumempuhing  musibah alam ing Aceh sarta kangge nggegulang siswa  supados asih dhateng sasama.

Salah satunggaling siswa, Tegar Ardi Putra mratelakaken tumut prihatos awit tumempuhing lindhu ageng ing Aceh dene  bantuwan ingkang kaimpun badhe dipun sumbangaken lumantar PMI Gunungkidul. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.