Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Uji Kompetensi Tenaga Trampil Kapepalang Anggaran

Uji Kompetensi Tenaga Trampil Kapepalang Anggaran

Bantul, www.jogjatv.tv – Lampahing Masyarakat Ekonomi Asean dados kalodhangan mlebetipun tenaga karya ingkang trampil saking Asia kangge makarya dhateng nagari-nagari  Asean.,Makaten ugi tenaga karya saking Indonesia. Wontenipun sertifikat tenaga terampil, badhe gampilaken pados pakaryan dhateng ngamanca. Emanipun, cacahing tenaga terampil bersertifikat taksih winates.

Miturut Kepala Dinas Tenaga Kerja dan Transmigrasi Bantul,Susanto,ngantos samangke pehakipun dereng saged ndhatengaken lembaga sertifikasi tenaga terampil tumrap calon tenaga karya ing Bantul. Awit winatesipun anggaran  dinas namung saged paring sertifikat dhateng 100 tenaga kerja terampil ing taun  2016 punika kamangka yektinipun wonten ewonan  tenaga kerja terampil lulusan Balai Latihan Kerja  punapa dene Lembaga Pendidikan Kerja ingkang dereng gadhah sertifikat kasebat. Kawontenan kasebat njalari kalodhangan pakaryan winates kamangka kedah rebat unggul kaliyan tenaga kerja terampil bersertifikat saking wewengkon sanes kepara ngamanca.

Miturut Susanto kangge ndhatengaken lembaga sertifikasi , betahaken wragat kathah, awit dunungipun wonten Jakarta lan Surabaya. Awit saking punika  Susanto ngajab supados tumuli kadhapuk  lembaga sertifikasi ing Ngayogyakarta kangge nyuda wragat  sertifikasi tenaga terampil. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.