Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Musrendbang  Disabilitas

Musrendbang  Disabilitas

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti Hari Disabilitas Internasional, Persatuan Penyandang Disabilitas (PPD) kulonprogo ngadani Musyawarah Rencana Pembangunan (Musrenbang) ing tataran dusun, desa lan kecamatan, ing Balai Desa Margosari, Kecamatan Pengasih, Kulonprogo. Wontenipun musrenbang kaajab  migunani tumrap panandhang disabilitas dhateng maneka sektor.

Musrenbang ingkang dipun adani salebeting pengetan Hari Disabilitas dados kalodhangan  kangge nelakaken pemanggih lan ngrantam program pembangunan tumrap panandhang disabilitas, sinaosa samangke sampun wonten jaminan perlindungan penyandang disabilitas satrep kaliyan peraturan daerah nomor 3, taun 2016.

Musrenbang piguna kangge biyantu kridhaning para panandhang disabilitas salebeting kridha sosial punapa dene birokrasi, antawisipun pemilihan Kepala Daerah Kabupaten Kulonprogo taun 2017 benjing supados panandhang disabilitas greget ngginakaken hak pilihipun salebeting pilkada.

Ketua Penyandang Disabilitas Kulon Progo, Sarjiyo mratelakaken kupiya grengsengaken musrebang tataran dhusun ngantos kecamatan ewa semanten ngantos samangke taksih nemahi pepalang babagan sumber daya lan kapabilitas fisik. Ngantos samangke nembe Musrenbang Kecamatan Lendah ingkang sampun aktif.

Ketua Panitia Musrenbang Muh Syamsudin mratelakaken, Dinas Sosial Kulonprogo tansah migatosaken para panandhang disabilitas antawisipun kanthi suka bantuwan sarta  nindakaken sosialisasi jaminan kesehatan khusus, saking Pemerintah DIY dene Kabupaten Kulonprogo kapiji nindakaken  Program Layanan Terpadu ingkang sepisanan inggih punika Kecamatan Sentolo.

Musrenbang mengku ancas kangge biyantu panandhang disabilitas nampi ladosan jaminan kesehatan, kalodhangan pakaryan sarta kangge ngudari perkawis ingkang dipun adhepi dening panandhang disabilitas kanthi cawe-cawenipun Pemerintah Kulonprogo. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.