Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

13 KK Bidhal Transmigrasi

13 KK Bidhal Transmigrasi

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Dinas Sosial Tenaga Kerja dan Transmigrasi (Dinsosnakertrans) Kabupaten Kulonprogo mbidhalaken 13 Kepala Keluarga (KK) kangge tumut transmigrasi dhateng Sumatra Selatan.

Saderengipun bidhal  para calon transmigran dipun priksa kasaranipun. Tumrap pasarta ingkang nandhang sesakit tartamtu wurung dipun bidhalaken dene papan ingkang katuju inggih Musi Banyuasin , Lahat lan Ogan Kemoring Ilir, Sumatra Selatan..Salah satunggaling calon tranmigran saking Kecamatan Girimulyo , Irwin Khoiriyah nelakaken  sampun manteb bidhal transmigrasi lan nggadang ing tembe gesangipun saya raharja.

Miturut Kepala Bidang Transmigrasi Dinsosnakertrans Mardiwiyono , saderengipun dipun bidhalaken para calon transmigran dipun gladhi maneka kaprigelan olah tetanen lan tukang kajeng.  Transmigrasi inggih salah satunggaling kupiya pamarentah kangge ngindakaken  karaharjan warga mliginipun warga miskin. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.