Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Karangmojo Manggihaken Menhir Umur Ewonan Taun

Warga Karangmojo Manggihaken Menhir Umur Ewonan Taun

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Warga Desa Bejiharjo, Kecamatan Karangmojo, Gunungkidul, manggihaken menhir ageng ingkang panjangipun langkung saking sekawan meter, dhateng sasanalaya dhusun. Miturut pandugi, menhir kasebat umuripun sampun ewonan taun lan salajengipun badhe dipun titi priksa dening Balai Pelestarian Cagar Budaya.

Parjio Warga Sokoliman, Desa Bejiharjo Kecamatan Karangmojo Gunungkidul ingkang manggihaken menhir dhateng  sasanalaya dhusun nalika ngedhug pasareyan. Sasampunipun ngedhug pasiten lebet 30 sentimeter, Parjio,  juru kunci sasanalaya kasebat mrangguli barang ingkang nyleneh. Sasampunipun dipun kedug ngantos lebet, tetela sela ingkang  kenging paculipun panjangipun 4 meter.,

Sakawit Sasanalaya Sokoliman pancen kathah kapanggihaken situs kina. Sawetawis wekdal kapengker warga ugi asring manggihaken barang kina memper menhir dene papan kapanggihaken  menhir pungkasan dening warga dipun wastani  pasareyan ingkang wingit.

Menhir utawi batu pemujaan punika dipun ginaken dening  masyarakat saderengipun tepang agama, watawis kalih ewu taun saderengipun Masehi lan samangke wonten ing  Situs Sokoliman. Situs Sokoliman inggih papan kangge nyimpen benda purbakala ingkang kapanggihaken dhateng sakiwa tengen Desa Bejiharjo. Kathahipun benda kina ingkang kapanggihaken dados titikan bilih Kabupaten Gunungkidul  mujudaken wilayah peradaban sepuh piyambak ing Ngayogyakarta. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.