Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regenerasi Pembatik Ing Kota Batik

Regenerasi Pembatik Ing Kota Batik

Sleman, www.jogjatv.tv – DIY sampun dipun kukuhaken minangka Kota Batik Dunia dening  Dewan Kerajinan Dunia WCC. Awit saking punika, betah regenerasi lan pembinaan tumrap generasi muda  supados pikukuhan Kota Batik Dunia  mboten dipun jabel.

Kangge njurung raos tresna dhateng batik  sarta kangge gladhi  para pembatik ingkang mumpuni , P4TK Seni dan Budaya nggelar lomba batik tataran Sekolah Dasar, salebeting rerangken Festival Seni Internasional 2016. Puluhan siswa SD mupu lomba mbatik samangke. Lomba mbatik sengaja dipun gelar, minangka kupiya kangge nggladhi pembatik ingkang saged ndayakaken lan nggegegi pikukuhan DIY minangka Kota Batik. Kanthi ndayakaken kaprigelan para siswa  minangka sarana regenerasi perajin batik ing tembe, ngengeti  Ngayogayakarta sampun dipun kukuhaken minangka Kota Batik.

Yayasan Pendidikan Astra  memitran kaliyan  P4TK Seni dan Budaya, suka kalodhangan lan fasilitas tumrap  siswa ing Gedangsari,Gunungkidul sarta Kecamatan Pandak, Bantul kangge nepangaken batik . Awit saking punika YPAMDR sarta P4TK Seni Budaya ngajab supados  guru lan siswa prigel mbatik  amrih Bathik Ngayogyakarta saya monjo lan kawentar ngantos saindenging donya. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.