Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Deling Betah Bantuwan Pawitan

Perajin Deling Betah Bantuwan Pawitan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Wiwit taun  2007 saperangan warga Desa Kalijambe, Kecamatan Bener, Purworejo, Jawa Tengah nekuni pakaryan minangka perajin deling. Maneka kerajinan damelan perajin ing wewengkon kasebat antawisipun meja kursi tamu, meja makan lan slintru. Salah satunggaling perajin deling, Wawan, mratelakaken nate pikantuk bantuwan saking pemerintah daerah wujud piranti antawisipun graji, peso lan golok. Ewa semanten pemerintah kaajab ugi suka bantuwan pawitan tunai supados saged ngrembakaken usahanipun.

Pepalang sanes ingkang dipun adhepi, inggih bab pemasaran awit ngantos samangke taksih kanthi cara tradisional nyrantos konsumen ingkang tumbas dene regi kerajinan ugi mirah sanget, Rp 500.000,00 ngantos 850.000,00 saben set mebel deling. Awit saking punika pamedalipun mboten gumathok, jalaran panyadening kerajinan dereng ajeg. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.