Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Sesorah  Lan Tari Guru SLB Sa Bantul

Lomba Sesorah  Lan Tari Guru SLB Sa Bantul

Bantul, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Guru Nasional, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Sekolah Luar Biasa Kabupaten Bantul  nggelar maneka kridha. Dinten Selasa (22/11) siyang dipun gelar lomba sesorah lan tari kreasi guru SLB sa Bantul. Puluhan pamupu saking 18 SLB ing Bantul tumut mupu lomba punika.Puluhan pamupu nedahaken kasagetanipun ing Sekolah Autis Bina Anggita, Banguntapan, Bantul.

Sinaosa para pamupu lomba lair lan mapan ing Pulo Jawa nanging katingalipun kirang wasis anggenipun sesorah kepara ugi wonten ingkang kirang trep anggenipun matur.

Ketua MGMP SLB Bantul, Hartati, mratelakaken, lomba sesorah  lan tari kreasi baru sengaja dipun gelar kangge mengeti Hari Guru  ngiras kangge memetri seni lan budaya adiluhung tilaranipun leluhur. Kajawi punika,  guru kaajab pana bab undha usuking basa supados saged mucal siswa kanthi leres satrep kaliyan materi pelajaran. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.